Cerita Rakyat Timun Mas dalam Bahasa Jawa
Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa
cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung
diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.
Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.
Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.
Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.
Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.
Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.
Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.
Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.
Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.
Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.
Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.
Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.
Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.
Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.
Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.
Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.
Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.
Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.
Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.
ASAL-USULIPUN RAWA PENING
Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet
wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten
padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan
estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar
Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang
Ariwulan ingkang elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso
ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge
sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados
kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun,
peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun
ngantos peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken
wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos
lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang
Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki
Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa
klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging
polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon
kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa.
Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing
satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun
bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang
saweg tapa brata ing Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing
Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang
dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan
nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing
satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken
klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang
ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun
dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar
Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan
mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru
Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng
manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika
lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani
naga ingkang dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar
pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah
manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget
Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika
dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru
Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang
sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud.
Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru
Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos
wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi
boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar
Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika
dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging
kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep
putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku
tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki
hajar ngetutaken saking wingking.Baru
klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar,
nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru
Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat
menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem
manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged
dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten
tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju
nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane
Ki hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan
ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun
Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal
namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni
Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing
ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah
loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken
pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang
kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan
cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista.
Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana
njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika
pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun
pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni
Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen
menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong
lan sangu saprelunipun
Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting
pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik
lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau
badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang
saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau.
Sakala toya nyembur saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang
ngelebaken dhusun saisinipun.
Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut
dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung
Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas
sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening
ingkan samenika kasebat Rawa Pening.
TIMUN MAS
————————————————————————————————————————
Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana
mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok
randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing
ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal
di kabulake dening Gusti Allah.
Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan
bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono.
Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget
ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.
Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing
gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok
randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke
Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa
wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing
kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur
wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi,
disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit
timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine
timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku
banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin
duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga
dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit
timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau
dijenengake Timun mas.
Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa
kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi
susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti
Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung
gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang
Buto.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya
impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni
buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya
Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun
mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe
papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo
saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun
mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto
ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak
Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun
mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji
timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan
mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo
kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing
wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil
ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan
dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa
metu saka alas pring kuwi mau.
Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine
uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara
kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep
kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan kang pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi segara
lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi
mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara
lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.
————————————————————————————————————————
JAKA TARUB
————————————————————————————————————————
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi
ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang
sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben
dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten
peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos
kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos
pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub
menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi
menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur
kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi
mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten
ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika
Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten
manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka
Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun
ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub
taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene
ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub
sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten
gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten
menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten
menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani
ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten
widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang.
Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau
amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah
pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal
lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun
tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari
menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan
kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan
sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi
rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge
nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub
boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub
malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi
ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking
kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun
satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun
uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas
kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
————————————————————————————————————————
RORO JONGRANG
————————————————————————————————————————
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge
Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu
Baka.
Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan
Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka
lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan
Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan
Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro
Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
“Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi
permaisuriku?” Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung
Bandowoso “Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate.”
“Apa iku syarate?” Jare Bandung Bandowoso.
“Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!”
Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe
yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan
setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang
ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung
Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno
dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar
jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan
disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana
999, tapi kurang 1.
Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang
amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang
dadi patung lan ngganepi 1000 candi.
————————————————————————————————————————
JAKA TINGKIR
————————————————————————————————————————
Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki
Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi
laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging
diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe
ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke
pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru
marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki
Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru
Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang
Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai
Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi
mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.
Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake
sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon
prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk Jaka
Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa
dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur
ditundung saka Demak
Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng
Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa
maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak
dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan
Ki Wuragil.
Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung
Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing tengahing kali, rombongane Jaka
Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha kalah,
banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo
kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau
ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana
kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir
bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake
kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah
Tamtama maneh.
Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi
bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas
Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun
1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing
tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang
uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati
Jepara).
Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni
Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang malah
diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya
supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur
Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan.
Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa
mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan
lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku
Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu
Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang
lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas
Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil
didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi.
Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar
Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya
ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih
ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang
Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane
Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu
ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang.
Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi
ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng
Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang
ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur.
Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring
Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman
kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane
kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi
saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan
supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya
dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau
dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng
Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem
marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen
piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah
prajurit pratama.
Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400
prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing
pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar prajurit tamtama. Salah
sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa sacedhake Kraton
Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama, lan suba sita. Nanging
Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise
gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya
ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu.
Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo godhong
suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine.
Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya
uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal
saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan
maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis
diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi
marang Demak.
Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang
medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa
kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing
pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir
dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki
Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang wae
anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung
dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, karo Sultan Demak
kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka Tingkir dingapura, lan dheweke
diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak,
Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung
jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.